Rabu, 11 Desember 2013

SESORAH LAN TULADHANE




  1. Tegese sesorah/pidhato/tanggap wacana/medhar sabda
Sesorah yaiku micara utawa nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah iku ngadhepi wong sing maneka warna, upamane beda pangkat/kalungguhan, tataran ngelmu, umut, lan sapiturute. Mula wong kang sesorah iku kudu ngerti bab wigati sing kudu digatekake supaya anggone sesorah bisa kasil karo sing dikarepake. Miturut panemune wong sing nindakake, sesorah iku ora angel kajaba kudu ngerti bab wigatine sesorah, uga gelem gladhen/latihan, saengga anggone sesorah bisa becik lan lancar.

  1. Ancase sesorah
1.      Atur pambagya: sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara supitan, tanggap warsa (ulang taun) lan sapiturute.
2.      Atur kabar/pawarta/informasi: informasi ing kene bisa arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamiarsa (pangrungu/pendengar). Bab sing kudu digatekake yaiku sing sesorah kudu bisa medharake kanthi cetha/gamblang perkara apa kang kudu dimangerteni dening wong akeh. Pamiarsa kang sadurunge ora ngerti babar pisan bisa dadi ngerti/gamblang informasi kang diwedharake. Upamane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang, lan sapiturute.
3.      Aweh panglipur/hiburan: sesorah kanggo aweh panglipur iki kanthi ancas supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe, upamane ing acara mantu, tanggap warsa, lan sapiturute. Bisa uga kanggo panglipur ing acara layatan supaya kulawarga sing lagi bela sungkawa/kasripahan bisa nampa kanthi tabah lan eklas.
4.      Pangajak: sesorah ingkang asipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapincut/melu, katut, katarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake sing sesorah. Upamane sesorah ing papan  ibadah, sesorah ing babagan agama lan sapiturute.
  1. Bab wigati nalika sesorah
Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake bab:
  1. Basa
Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakae menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati. Wong sesorah kudu ngerti kahanan, yen ing desa utawa kampung bisa nggunakake basa krama kabeh, nanging yen ing kutha bisa kacampur bahasa Indonesia laras karo sing mirengake.
Manut kanyatan ana ing adicara temanten, sukuran, supitan, tanggap warsa, basa sing digunakake yaiku basa krama sing becik kacampuran basa rinengga supaya becik menawa dirungokake lan tandha kurmat marang tamu sing padha rawuh.prayogane basa sing digunakake iku prasaja, ukarane ora ngambra-ambra lan  wusana penak dirungokake dening wong liya.
  1. Busana
Ajining raga saka busana. Menawa sesorah prayogane migunakake busana sing becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing mirengake sesorah uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewe. Busana uga kalarasake karo kahanan lan ancase.
  1. Swara
Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon anget. Anggone ngucapake tetembungan sing cetha, ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong maca buku.
  1. Solah bawa/patrap/tindak-tanduk
Solah bawane wong sesorah iku kudu manteb lan teteg, madhep, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.
Bab liyane sing kudu disingkiri antarane:
-          Polatane mbesengut,
-          Gugup,
-          Ngguyu sing digawe-gawe,
-          Kerep ndeleng cathetan,
-          Ngobahake tangan/sikil,
-          Ngadeg kaku kaya wong baris,
-          Tangan methentheng,
-          Tangan sedhakep,
-          Tangan mlebu ing sak klambi utawa kathok.
  1. Urut-urutane sesorah
Supaya anggone sesorah runtut prayogane nggatekake urut-urutane sesorah yaiku:
  1. Purwaka: isine salam lan puji sukur marang Gusti dene isih bisa ketemu nindakake acara iku. Uga matur panuwun marang tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh ana ing acara iku.
  2. Isi/wigatining atur: bab apa wae sing bakal diaturake, upamane atur pambagya supitan, sukuran, wakil kulawarga ing adicara manten lan sapiturute.
  3. Panutup: isine dudutan; uga isine pangarep-arep: isine bab sing disuwunake (diarep) sing kagungan kersa marang tamune, upamane donga, pitutur, lan sapiturute; atur panuwun awit rawuhe para tamu lan nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa micara ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tumindak sing ora mranani penggalih; uga salam panutup.

Metode sesorah/pidhato
1.      Naskah yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe. Kaluwihane: runtut; kakurangane: kurang komunikatif.
2.      Apalan yaiku sesorah kanthi ngapalake naskah kang wis digawe. Kaluwihane: ngandharake dhewe; kakurangane: kurang komunikatif.
3.      Ekstemporan yaiku sesorah kanthi nggawa cathetan kang pokok-pokok. Kaluwihane: runtut lan komunikatif.
4.      Impromptu yaiku sesorah dadakan/spontan. Kaluwihane: ngandharake dhewe, ora runtut.

TULADHA-TULADHA SESORAH
1. Tuladha sesorah ambal warsa (ulang tahun SMP)
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun,
Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah,
Ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru,
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Karyawan,
Para kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing sambekala
Salajengipun, kula ingkang pinangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan saged damel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agunging panuwun boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksanananipun sedya pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping -60 ing kalenggahan siyang punika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu Guru sumarambah Para Karyawan ingkang kepareng paring iguh pratikel murih pratitising adicara punika. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa , ingkang asung sabiyantu ngantos adicara punika saged kaleksanan kanthi gancar.
Para Bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Bilih wigatosing gati , panjenengan kasuwun rawuh ing pahargayan ambal warsa SMP Tunas Bangsa kaping-60 punika kanthi ancas, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken tekad majengangaken panggula wenthah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.
Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa dalah pameran, bazaar, tuwin pentas seni, badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala sekolah . mugi-mugi kanthi wedharan samangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SMP Tunas Bangsa rikala semanten sanyata awrat. Ingkang tundhonipun saged nglajengaken semangatipun, pangurbananipun miwah ngukir prestasi ing tataran nasional punapa dene internasional. Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak kepala sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping-60 kalajengaken hambuka adicara pameran, bazaar, dalah pentas seni.
Ing wasana, sugeng mriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara punika kirang mranani penggalih panjenengan, panitya nyuwun agunging pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tatakrama tuwin paramasastra.
Nuwun. Wassalammu’alaikum wr.wb.
Matur nuwun.
2. Pasrah calon pinanganten kakung
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun Bapak/Ibu Sena Nugroho ingkang satuhu dhahat kinurmatan.
Kula pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito wingking saking Toyan ,Wates , Kulon Progo
Ingkang sepisan:
Panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito saha para pinisepuh miwah sesepuh ing Toyan Wates Kulon Progo ngaturaken salam taklim katur panjenenganipun Bapak/Ibu Sena Nugroho miwah para pinisepuh lan sesepuh wonten ing tlatah Gunung Ketur, Pakualaman Ngayogyakarta mriki kanthi atur : Assalamu’alaikum Wr.Wb. Saha kinanthenan pepuji mugi-mugi baraya ageng Bapak/Ibu Seno Nugraha dalah warga bebrayan ing mriki tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran, suka rahayu ingkang pinanggih.
Kaping kalihipun:
Kula ingkang tinanggenah masrahaken calon penganten kakung nama bagus Permadi atmajanipun Bapak/Ibu Hadi Sugito kanthi panyuwunan mugi keparenga kadhaupaken kaliyan pun rara Wara Subadra putrinipun Bp/Ibu Seno Nugroho.
Kaping tiganipun :
Saderengipun calon penganten kakung kula pasrahaken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-puji pudyastuti ing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi mugi-mugi upacara ijab qobul miwah pahargyan wiwahan ingkang badhe katindakaken sageda kalampahan kanthi wilujeng kalis ing sambekala.
Ing samangke calon penganten kakung kula pasrahaken ing panjenengan Ingkang punika , mbokbilih samudayanipun ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab qobul sampun satata, keparengan ijabing calon pinanganten enggal katindakna.
Wasana kula ingkang tinanggenah masrahaken putra calon panganten kakung bok bilih wonten kuciwaning atur miwah kiranging suba sita, nyuwun sih lumunturing samodra pangaksami, Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
3. Tuladha sesorah Sripah
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Inna Lillahi wa inna illaihi rooji’un 3X
Panjenenganipun Baraya ageng Bapak. Budi Santosa ingkang katemben nandhang dhuhkita ingkang dhahat kinurmatan.
Panjenenganipun para ta’jizah kakung putri ingkang dhahat kinurmatan.
Langkung rumiyin sumangga sesarengan boten kendhat ngaturaken puji syukur konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring karohmatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya awujud gumelaring kabagaswaran satemah saged kempal manunggal ing dalem duhkita mriki saperlu caos pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa. Ingkang salajengipun keparenga kula matur minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana mriki
Ingkang sepisan:
Warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana ngaturaken ndherek bela sungkawa, awit sedanipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa.
Kita warganing bebrayan nglenggana punapa ingkang panjenengan raosaken, punapa ingkang panjenengan sandhang, kita rerencang ngindhit sungkawa panjenengan mugi andayanana saged ngenthengaken raosing panalangsa lan dhuhkita.
Kaping kalih:
Warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana sami anekseni, bilih nalika sugengipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa sae tumindakipun dhateng bebrayan, mungkul ing panembah lan ngibadah, boten nate damel sakserik dhateng sesami.
Mila paseksen punika mugi kapriksanana ing Pangeran, satemah kepareng paring kanugrahan dhateng alusipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa.
Kaping tiga:
Warganing bebrayan ndherek memuji lan ndedonga, mugi-mugi Gusti Allah SWT, paring pangapunten sadaya dosanipun, paring ganjaran sedaya ngamal kasaenanipun, dipun paringana panggenan ingkang prayogi lan mugi kalebet seda ingkang khusnul khotimah. Amin.
Dene kulawarga ingkang tinilar mugi kaparingana manah ekhlas, sabar lan pasrah, lila nampi panduming Gusti Ingkang Maha Agung.
Cekap semanten atur kula minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana, wonten kirang trapsilaning atur kula, kula nyuwun pangapunten.
Bilahit taufiq wal hidayah.Wassalamu’alaikum wr.wb.
Matur nuwun.
4. Atur panampi calon panganten kakung
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito dalah rombongan calon besan saking Toyan Wates Kulon Progo ingkang dhahat kinurmatan.
Kula ingkang tinanggenah pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak Seno Nugroho kekalih:
Ingkang sepisan :
Ngaturaken pambagya rahayu wilujeng sarawuh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki ngiringaken calon penganten kakung saking Toyan Wates Kulon Progo dumugi ing wismanipun Bapak Seno Nugroho mriki.
Ingkang kaping kalih :
Menggah kasugengan saha salam taklimipun Bapak Hadi Sugito sarimbit sampun kula tampi kanthi atur: Wangalaikum salam Wr. Wb.
Ingkang kaping tiganipun:
Bilih pasrah panjenengan calon panganten kakung pun Bagus Permadi kula tampi kanthi suka pirenaning penggalih, lan samangke sasampunipun dumugi ing titi wancinipun miwah samudayanipun sampun satata ing gati badhe kula ijab qobulaken miwah kawiwaha kaliyan anak kula pun Rara Wara Subadra.
Ingkang kaping sekawanipun:
Kula sadaya nyuwun tambahing donga pangestu para tamu sadaya mugi-mugi ijab miwah pawiwahaning putra pinanganten sarimbit tansaha manggih rahayu wilujeng lulus kalis nir ing sambekala.
Wasana hambokbilih wonten kiranging trapsila, buja krama miwah cewet, kuciwa lan lacuting atur anggen kula nampi rawuh panjenengan sedaya, mugi diagung ing pangaksama.
Wassalamu’alaikum, Wr. Wb. 

Tuladha isi (topik) sesorah: 

1. Syukuran nalika dadi siswa berprestasi
2. Tanggap warsa (ulang tahun) sekolah minangka wakil siswa
3. Mangayubagya kanca kang kapilih dadi pengurus OSIS
4. Syukuran lulus sekolah
5. Ketua panitia ing pentas seni pengetan dina Kamardikan.
6. Syukuran bisa oleh pagaweyan.
7. Pengetan dina Kartini
8. Pengetan dina Pahlawan
9. Supitan/Khitanan
10. Ngresmekake gedung  

Sumber : Jatirahayu, Warih. 2005. Pinter Sesorah Tatakrama lan Racikan Tuladha Sesorah. Yogyakarta:    Grafika Indah.
                 





Tidak ada komentar:

Posting Komentar