Senin, 09 Desember 2013

Tuladha Cerkak "Rasa kang Kapendhem"



Rasa kang Kapendhem
Dening : Nila Zahrotul N
            Sunaring surya wis tumungkul ing sisih wetan, hawa anget kang nyikep ing batin uga bisa dirasake rikala tangan loro iki buka jendela ing kamar. Kira-kira jam setengah pitu aku mangkat saka omah tumuju sekolahan karo mlaku amarga celak. Nalika mlebu gerbang, aku krungu suara.
“Ran..Rani… !” Aisyah kancaku sakelas nyeluki aku saka jendela kelas.
Banjur aku marani lan nyauri “dalem syah, ana apa?”
“Mengko barbali sekolah arep melu latihan marchingband apa ora? Wiwit awake dhewe kelas telu iki, dhewe wis langka mangkat latihan. Sisan mengko sawise latihan ken nyinauni Mas Andi, kepiye Ran?”pitakone Aisyah ngajak aku mangkat latihan.
“Iya syah mengko melu latihan” wangsulanku.
            Karang Aisyah kanca akrabku dadi dheweke ngerti yen aku seneng karo Mas Andi, krungu wangsulanku sing kaya mengkono mau, dheweke mung guyu nggojeki aku. Mas Andi kuwi pelatih marchingband, wonge umure luwih tuwa setahun saka umurku sing lagi kelas telu SMA iki. Aku ngefans karo Mas Andi wiwit aku melu kegiatan marching band nalika aku lagi kelas loro SMA, amarga sifate kang pinter, rajin lan disiplin kabukti saka rikala Mas Andi ora tau telat yen nglatih bocah-bocah. Nanging kadhang aku ngrasa minder yen weruh sifat-sifate kang kang miturutku ora ana awone kuwi.
            Aku wis janji karo Aisyah arep mangkat latihan marchingband siyang iki, amarga ora ana les. Mulih sekolah, aku lan Aisyah langsung tumuju ing lapangan latihan bareng bocah-bocah liyane. Ing kana aku weruh Mas Andi kang lagi njupuk perkusi ing gudang serbaguna sekolah. Lagi weruh thok atiku wis krasa adhem banget, senadyan kuwi latihane ing ngisor srengenge kang jarake kaya sakjengkalan tangan.
“Ciye-ciye Rani, kae lho idolamu ning gudhang lagi resik-resik. Rana diewangi!” gojekane Aisyah marang Aku.
            Nanging aku ethok-ethok ora weruh Mas Andi lan fokus ing perkusi kang lagi taktabuh. “Ow iya kae syah, aja ditamatke trus ta mengko nak ngerti wonge malah gumedhe sirahe lho? Latihan wae, iki lagune angel!” Wangsulanku.
            “Halahhh sing namatke wonge trus kan sampeyan ran”, malah Aisyah sansaya gojeki aku. Aku mung mesem karo Aisyah amarga yen takjawab trus mengko dheweke guyonane ora mandheg-mandheg.
            Latihan marchingband rampung nganti sore, rampung latihan aku karo Aisyah marani Mas Andi nyuwun diwarahi mata pelajaran matematika amarga ana bab sing aku lan Aisyah durung takngerteni.
“Nyuwun sewu Mas Andi, panjenengan saiki ana kegiyatan maneh apa ora?” tembungku.
“Ora dek, kepiye? Ana apa ta?” wangsulane Mas Andi.
“Arep nyuwun tulung Mas. aku karo aisyah pengin diwarahi panjenengan Matematika amarga ana bab sing durung takngerteni, kados pundi mas panjenengan saged menapa boten menawi saiki?” tembungku.
“Iya dek isa-isa, wong Mas Andi iki kuliyahe jurusan Matematika, ndhek SMA mbiyen wonge paling pinter matematika ing kelas, dadi bocah sakelas padha njaluk diwarahi dheweke. Apa maneh yen kon marahi dek Rani mesthi gelem wonge.” ehh…. malah Mas Dani kancane Mas Andi sing melu nyauri batinku.
“Husss…. apa ta Dan Dan kaya ngono ndadak diomongke. Iya dek mengko takwarahi, nanging aku taknata bendhera iki dhisik ya.” wangsulane Mas Andi sinarta pasuryan semu-semu abang marga omonge kancane mau. Weruh kedadeyan iku Aku lan Aisyah mung guyu.
            Ing ngarep koridor sekolahan Mas Andi nyinauni babagan Matematika aku karo Aisyah. Ora krasa yen tutore kuwi suwi banget lan nembe rampung nganti srengenge wis arep surup saka kulon. Banjur aku lan Aisyah pamitan bali marang Mas Andi lan Mas Dani. Dhasare wong loro iku apikan, aku lan Aisyah diterke tekan omah karo Mas Andi lan Mas Dani.
“Dek, iki wancine wis meh peteng, mendhing sampeyan takterke tekan omah ya?” tembunge Mas Andi kanthi rasa tanggungjawab.
“boten mas, matursuwun mengko ndak ngrepotke panjenengan” wangsulanku alon.
            Genti Mas Dani sing nyauri “Ora ngrepotke dek, iya ayo takterke iki wis sore banget mengko nak ning ndalan ana kedadeyan apa-apa amarga sampeyan ki boca-bocah wadon.”
“Iya wis mas, lagiyan yahene dalan omah ku sepi nyenyet mas.” wangsulane Aisyah.
            Sidane aku diterke Mas Andi, semana uga Aisyah diterke Mas Dani. Ing tengah dalan aku lan Mas Andi padha guneman nanging babagan ujian dheweke mbiyen, Mas Andi uga ngandhani aku yen aku kudu sregep sinau supaya bisa mlebu Perguruan Tinggi lan bisa banggake tiyang sepuh. Mas Andi ngeterke aku nganti tekan omah lan salaman uga pamitan karo tiyang sepuhku, matur kaliyan tiyang sepuhku yen randhate aku bali ning umah marga tutor Matematika iku mau. Saka kedadeyan iku mau nambahke rasa senengku marang Mas Andi, dheweke bisa matur sopan marang tiyang sepuhku.
            Dina selasa esuk-esuk, aku mangkat sekolah kaya biyasane. Nanging dina iki aku ora mangkat latihan marchingband amarga mengko siyang ana tambahan jam mata pelajaran utawa les nganti sore. Nalika istirahat, aku ndelok bocah-bocah latihan marchingband saka jendela kelas, namatke latihan kuwi aku ngrasa ana sing kurang. Dumadakan saka lawang kelas Aisyah ngampiri aku, kaya-kaya dheweke arep ngandhani warta kang wigati.
“Ran, Mas Andi ora melu latihan” tembunge Aisyah karo namatke lapangan sing gawe latihan.
“Lha menapa Mas Andi kok ora mangkat?” pitakonku.
“Sampeyan bener ora gerti ta ran, Mas Andi iku lagi lara jare wis ana telung dinanan, kuwi wae aku mau jare Mas Dani kon ngandhake marang sampeyan”
“Lho lara apa syah” pitakonku mawi rasa ora anteng uga rasa khawatir.
 “ora ngerti Ran, mung kuwi jarene Mas Dani” Aisyah mangsuli.
            Mulih les Aku ngajak Aisyah ing toko buah, banjur Aku lan Aisyah sowan ing daleme Mas Andi.
“Assalamu’alaikum” salamku sinambi nothok lawang.
“Wa’alaikumsalam” wangsulanipun wanita radi sepuh ugi bikake lawang.
“Bu badhe nyuwun pirsa menapa leres menika griyanipun Mas Andi?” pitakonku.
“Inggih nduk leres, mangga mlebet, pinarak kene dhisik. Sekedhap ya nduk takceluke Mas Andine, kae bocahe nembe wae tangi” wangsulanipun ibune Mas Andi kanthi alus.
            Ing kana Aku lan Aisyah kepanggih Mas Andi lan saIaman kaliyan ibune Mas Andi. “eehh ana Rani karo Aisyah, ana apa ta rame-rame padha rene?” pitakone Mas Andi karo guyon kaya ta wong wis mari saka larane.
 “Pripun ta mas mas panjenengan kuwi, sakjane Aku lan Rani sing takon sampeyan ki lara apa nganti ora mangkat latihan?” wangsulane Aisyah.
“Heee…. Ow aku ki mriyang amarga kekeselen dek, dadi butuhke wayah leren” wangsulane Mas Andi.
“Emmm.. menawi mekaten sing ati-ati mas jaga kesehatane panjenengan” mung tembung kuwi sing bisa takaturke amarga wiwit mau batinku wis kecampur karo rasa ora tentrem.
“Iya dek maturnuwun ya wis gelem rene” tembunge Mas Andi marang Aku. Weruh kahanane lan krungu tembunge Mas Andi mau atiku dadi rada lega. Banjur Aku lan Aisyah pamitan karo Mas Andi uga ibune.
            Telung wulan sawuse aku ing omahe Mas Andi. Aku ora tau ketemu utawa weruh Mas Andi, amarga aku ora tau mangkat latihan marchingband lan lagi fokus les, tryout, lan ujian. Alhamdulillah les, tryout, lan ujian bisa taklakoni nganti gancar, mula saka usaha sinau kuwi mau aku bisa lulus mawi antuk kasil kang apik lan isa mlebu Perguruan Tinggi kang takkarepke, sarta bisa gawe bungah tiyang sepuhku. Nadyan sing takkarepake wis bisa takcepeng kabeh nanging rasane atiku isih ana sing kurang. Rikala acara PENSI (Pentas Seni) Lulusan ing SMA, purwakaning acara dimeriahke marchingband kang dipandhegani dening Mas Andi. Rampung acara PENSI, aku kang lagi jagong ing ngarep kelas dhewekan diparani Mas Andi. Ing kana, Mas Andi nyalami aku sinambi ngucap,
“Selamat ya dek, sampeyan isa lulus lan neruske ing Perguruan Tinggi”
“Inggih mas maturnuwun, lho panjenengan turene sapa nak aku mlebu ing Perguruan Tinggi?” sambungku kaget.
“Aku jare Mas Dani, Mas Dani jarene Aisyah kanca celakmu kuwi dek, nanging bener ta kuwi?” tembunge Mas Andi karo guyu.
“Iya mas bener”.
            Wis suwi aku ngenteni kahanan mangkene iki, wis suwi aku mendhem rasa iki, dadi wanci iki, wayah iki pengin takomongke kabeh rasa sing takpendhem marang Mas Andi, ora peduli omonganku kuwi arep ditanggapi utawa ora ditanggapi amarga aku ora pengin gela lan kepikiran babagan kaya mangkene maneh. Nanging omonganku malah kedhisikan karo Mas Andi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar