Rabu, 11 Desember 2013

MACAPAT



 MACAPAT

Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.[1] Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali[2], Sasak[3], Madura[4], lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang[5] lan Banjarmasin.[6] Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata).[7] Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana.[7] Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah.[8] Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.[8]
Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat.[9]. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé.[9] Sawetara conto karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama[10], Serat Wulangreh[11], lan Serat Kalatidha.[12]
Puisi tradhisional Jawa utawa tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé.[13] Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak.[13] Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.[14]
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.[13]
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
Déné, tembang utawa sekar sejatiné ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.

Étimologi

Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda.[7] Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana.[7]. Sawijining pakar Sastra Jawa, Arps ngandaraké sawetara makna liya ing bukuné Tembang in two traditions.[7]
Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.[7]
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang d’ening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglgokaké nada kapapat".[7] Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.[7] Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri.[7] Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé.[7] Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada?) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda?) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.[7] Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré.[7] Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.[7]

Sajarah

Macapat minangka sebutan metrum puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé.[15] Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. ( Saputra, 1992 : 14 ) Bab iki adhedhasar pola metrum macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira kuwi cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, yaiku jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar. Jroning Mbombong manah I ( Tejdohadi Sumarto, 1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang macapat ( sing nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong, nanging déning sawetara wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para pancipta iku yakuwi Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.
A). Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ). Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )
B). Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.
C). Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder ( 1983 : 35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.

Sekar Macapat utawa Sekar Alit

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
  • Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
  • Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
  • Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
  • Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
  • Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
  • Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
  • Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
  • Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
  • Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
  • Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
  • Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Sekar Madya utawa Sekar Tengahan

Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.

Sekar Ageng

Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuna.

Guru Gatra Guru Wilangan

Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar Macapat
Sekar Macapat
Mijil
6
10, 6, 10, 10, 6, 6
i, o, e, i, i ,u
Sinom
9
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
Dhandhanggula
10
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
Kinanthi
6
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
u, i, a, i, a, i
Asmarandana
7
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
a, i, e, a, a, u, a
Durma
7
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7,
a, i, a, a, i, a, i
Pangkur
7
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8,
a, i, u, a, u, a, i
Maskumambang
4
12, 6, 8, 8
i, a, i, a, a
Pucung
4
12, 6, 8, 12
u, a, i, a
Jurudhemung
7
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
a, u, u, a, u, a, u
Wirangrong
6
8, 8, 10, 6, 7, 8
i, o, u, i, a, a
Balabak
6
12, 3, 12, 3, 12, 3
a, e, a, e, u, e
Gambuh
5
7, 10, 12, 8, 8
u, u, i, u, o
Megatruh
5
12, 8, 8, 8, 8
u, i, u, i, o
Girisa
8
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8,
a, a, a, a, a, a, a, a

PARIKAN


PARIKAN
  • Tegese Parikan
Parikan yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.
Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.

Paugeran utawa pathokane parikan :
Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.
  • Tuladha parikan
Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing  prasaja.
c. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh      jejer, tamba kangen.
d. Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat.
e. Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.
Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.
Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.
Sirahe, dianguk -  anguk. senenge, yen wis kepethuk.
Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong royong.
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.  Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.
Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
.Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut  sinau.
Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati
Parikan padinan
Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak
Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.
Peyek diremet – remet. Ngenyek, aja banget – banget.
Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung
Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.
Manuk emprit nucuk pari, dadi murid bukune keri.

Chandrane Manungsa



Chandrane Manungsa

  1. Alise : nanggal sapisan
  2. Astane : nggandewa gadhing
  3. Athi-athine : ngudhup turi
  4. Awake : ramping
  5. Bangkekane : nawon kemit
  6. Bathuke : nyela cendhane
  7. Bokonge : manjang ngilang
  8. Brengose : nglaler menclok, nguler keket
  9. Cahyane : ngalentrih, sumunu, sumunar
  10. Dedege : ngringin sungsang
  11. Drijine : mucuk ri
  12. Eseme : pahit madu, kaya madu, pinastika
  13. Godheke : simbar rumembun
  14. Gulune : ngolan-olan, ngelung gadung
  15. Idepe : tumenga ing tawang
  16. Irunge : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
  17. Jangkahe : njalak njrinjing
  18. Jempolane : ngendas ula
  19. Kempole : ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
  20. Lakune : mager timun, macan luwe
  21. Lambehane : mblarak sempal, merak kasimpir, nyigar jambe
  22. Lambene : nggula satemplik, manggis karengat
  23. Lengene : nggandhewa pinentang
  24. Mripate : ndamar kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
  25. Netrane : liyep alindri
  26. Pakulitane : ireng manis, ngulit langsep
  27. Pamulune : prada binabar, ambengle kiris
  28. Pawakane : ramping, gagah pidegsa
  29. Pipine : duren sajuring
  30. Polatane : ruruh jatmika
  31. Praene : sumunar
  32. Pundhake : nraju mas
  33. Pupune : mukang gangsir
  34. Rambute : ngembang bakung, ngandan-andan
  35. Sinome : mbibis mabur, micis wuncar
  36. Slirane : sedhet singset
  37. Solahe : merak ati
  38. Susune : nyengkir gading
  39. Swarane : ngombak banyu
  40. Tangane : nggendewa pinentang
  41. Tungkake : bunder lir jinangka
  42. Untune : miji timun, ngelar kombang
  43. Ulate : sumeh / sumunar
  44. Wange : nyangkal putung, ngungkal gerang
  45. Watake : andhap asor
  46. Wentise : ndamen meteng, mukang gangsir