Kamis, 16 Januari 2014

Piranti Wigatine Nagari (Dening : Nila Zahrotul N)

Solah bawane kudu prayogi Ora kena sembarang dilangkahi Senadyan kuwi awujud piranti Nanging kedah diajeni Marga ora sembarang piranti Sebab laire wus lawas ing nagari iki Ora ditabuh sapenake dhewe nanging kudu ngerti pathokane ora mung iku wae sing dikarepake nanging uga dirasake ing jiwa ragane senadyan selang-seling nabuh mithete nanging selaras kaendahan lagune Slendro, pelog arane Wus dadi dhasar laras pathokane Nem, sanga, barang, manyurane Wus dhasaring pathete Kendhang, gong, bonang, gambang lan sapanunggalane Wus dumadi pusakaning nagari kene

Bumi Nangis (Dening : Agustav Triono)

Bumi nangis Luhe netesi lemah pathing plethak Warnane wis ora sumringah Kemulan apa sing ora mambrah-mambrah Bumi nangis Kabeh awake kesumpel runtah Padha wutah Kebingkem ning limbah akehe retung Nglarani bumi ora rampung-rampung Bumi terus nangis Ambegane seseg keneng polusi Sing terus diproduksi Dening wong-wong ora duwe ati Bumi terus bae nangis luhe nganiti garing Merga panas sing sang kaya ganas Oh, bumi sing arep mati Slametna sekang polusi Dadiya menungsa sing duwe ati

DEWI KUNTI LAN AJI PEPANGGIL

Dewi Kunti utawa Dewi Prita ing kisah Mahabharata yaiku putri saka Prabu Kuntiboja. Dewi Kunti duweni sodhara kandhung telu yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, Arya Ugrasena. Dewi Kunti duweni watak asih tresna, setya, lan wingit. Bapakke Kunti sing asli jenenge yaiku Raja Surasena saka Wangsa Yadawa, rikala isih cilik dhewekke dijenengi Prita. Dhewekke kuwi adhine Basudewa, bapakke Kresna. Banjur dhewekke diadhopsi karo Raja Kuntiboja sing ora isa duwe anak utawa keturunan, rikala diadhopsi kuwi dhewekke diwenehi jeneng Dewi Kunti. Sawise Dewi Kunti didadekke putri Raja Kuntiboja, Raja Kuntiboja isa duwe anak. Rikala Kunti isih nom, dhewekke diwenehi mantra sakti (Aji Pepanggil/ Aji Gineng) saka Resi Durwasa supaya bisa ngundang Dewa sing dikarepke dhewekke. Ing sawijining dina, Kunti pengen njajal mantra kuwi karo ngundang salah sijine Dewa, yaiku Dewa Surya. Terus Dewa Surya teka marga dhewekke rumangsa diundang Kunti, Dewa Surya takon apa sing dikarepke Kunti. Nanging Kunti akon Dewa Surya bali ning kayangan. Amarga Kunti wis kebacut ngundang Dewa Surya neng bumi nanging ora duwe karep apa-apa, akhire Dewa Surya menehi Dewi Kunti putra. Dewi Kunti ora pingin duweni putra amarga rikala kuwi umure isih nom, banjur putrane dilebokke ning kranjang lan dikelikke ning kali Aswa. Sawise dikelikke, putrane kuwi dipungut kusir ing keraton Hastinapura jenenge yaiku Adirata, lan putra kuwi diwenehi jeneng Karna. Dewi Kunti dadi bojo pertamane Prabu Pandu, Raja negara Hastinapura, putra Begawan Abiyasa karo Dewi Ambiki. Pandu uga nikahi Madrim, didadikke bojo nomer loro, nanging ora duweni anak. Akhire Pandu karo bojo lorone urip ning alas. Ning kono Kunti ngetokke mantrane ngundang 3 Dewa njaluk putra. Putra pertama Yudistira saka Dewa Yama, kaloro Bima saka Dewa Bayu, katelu Arjuna saka Dewa Indra. Dewi Kunti ngandhani Madrim mantra kuwi, Madrim ngundang Dewa Aswin banjur diwenehi anak kembar yaiku Nakula lan Sadewa. Putra lima kuwi arane Pandhawa. Sawise matine Pandu karo Dewi Madrim, Dewi Kunti sing ngemong putra lima kuwi dhewekkan. Padha sing dikarepke Dewi Madrim sadurunge mati. Dewi Kunti ora pilih kasih ngemong Nakula lan Sadewa, dianggep kaya anak kandhunge dhewe. Sawise Bharatayuddha (perang besar Bharata), Dewi Kunti lan ipar-ipare sing liya kayata Drestarasta, Widura, lan Gandari nglakoni tapa ninggalke kauripan ing donya. Kerajaan diwenehake marang Yudistira. Ing alas, Kunti lan ipar-ipare kaobong karo geni suci saka awake dhewe lan padha mati ing kana.

“Kaca Pengilon” (Dening: Hadi Sumarto)

Kaca pengilon aweh sasmita Sadurunge ndika lunga Delengen,tlitinen sing cetha Ben lakumu ora kesandhung lungka Wiwit saka rambut Kudu tansah nyebut Bismillah nembe jumangkah Ben aja nemu masalah Kupingmu tilingna sing premana Mlebuning swara kang nggawa warta Saringen endi kang becik endi kang ala Supaya mlakumu ora ketula-tula Mripat semono uga Kanggo ndeleng kanthi cetha Sawangen tengen lan kiwa Nggayuh slamet raharja Tangan aja sraweyan Sikil aja sethekaran Tumungkul ing sadawaning ratan Ing ngarep bakal nemu kabegjan

Terminal (Dening : Ismayawati)

Kebak ing kana gegambaraning urip, Tumplek blek dadi siji Semrawut, campur bawur Tan ana kendhate Ing kana Ana bocah-bocah cilik kang kebak panandhang Nanging isih bisa gumuyu Ah, rasane ngreridhu ati, Tas kothak kang nggayut ing pundhak Kebak pangarep-arep Minangka pratandha tansah saguh ngayahi Sesangganing ngaurip Ah, saya gawe anglesing ati Ing kana Ana tembang-tembang kekidungan Kang ambabarake jarwaning urip Ing saselaning swara gumrenggeng Bis-bis kang padha nggereng Lan pambengoke calo-calo kanthi adreng Snadyan panumpange tansah njinggleng Terminal, kebak gegambaring urip Tumplek blek dadi siji Yen wengine wis titis Kabeh dadi atis Kekidungan sirna tanpa tilas Kasaput angin kang tanpa welas Gegambaraning urip Semrawut tanpa kendhat Sepi tintrim tanpa kendhat Tumplek blek dadi siji

Jagade Gonjang-Ganjing (Dening: Prembayun Miji Lestari, S.S. M. hum)

Dak sebut jagade gonjang ganjing Amarga akeh kang padha ora eling Marang liyan, apa meneh marang sing gawe gesang Wong gedhe padha jegal-jegalan Rebutan panggonan lan panguasan Ewadene wong cilik padha gedhungsangan Golek pangan panguripan Sing ndhuwur saya mulur Sing ngisor saya thekor Pancen jagade lagi gonjang-ganjing Akeh kang padha ngeda Yen ora edan padha ora keduman Padha ndugang-dinugang Singkang-singkangan Ilang rasa kamanungsan Lumrahe wae gusti paring samubarang pepeling Maneka bebebdu: lindhu, petir, angin, udan, ora uwis-uwis Supaya manungsa padha eling

Mangsa Rendheng (Dening: Sunar Pujo Raharjo)

Rasa sepi jroning tengah wengi Kekes atis rasane ragaku Keplasing ati kebak ing pepenginan Ngudhari bebundhel pikir kang lumebu ing lamunan Tumenga tawang katon lintang gegojegan Sunaring rembulan peparing katresnan Sinusul mendhung sinelahing angkasa Banjur udan gerimis kilat thathit padha njerit Tembang kongkang angangkara ing pekarangan Irama lamba munggah rangkepan kepranan Kethuk kempyang ambabar beksa kasmaran Imbal swara tanggap basa kidunging kewan Bangun esuk para tani padha gumuyu Tindak sabin nggerak lembu gya hamluku Tanem winih nyenyuwun kang Maha Sih Mangsa rendheng Dewi Sri nyebar rejeki