Tempat berlindung mengeluh, berteduh, yang tepat ialah keyakinan kita terhadap Allah SWT. Orang tua adalah pamong, pengayom hidup. Jangan menyerah sebelum berusaha dan berdoa. jiwa yang syukur TAK akan kufur.
Tampilkan postingan dengan label GEGURITAN. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label GEGURITAN. Tampilkan semua postingan
Kamis, 16 Januari 2014
Piranti Wigatine Nagari (Dening : Nila Zahrotul N)
Solah bawane kudu prayogi
Ora kena sembarang dilangkahi
Senadyan kuwi awujud piranti
Nanging kedah diajeni
Marga ora sembarang piranti
Sebab laire wus lawas ing nagari iki
Ora ditabuh sapenake dhewe
nanging kudu ngerti pathokane
ora mung iku wae sing dikarepake
nanging uga dirasake ing jiwa ragane
senadyan selang-seling nabuh mithete
nanging selaras kaendahan lagune
Slendro, pelog arane
Wus dadi dhasar laras pathokane
Nem, sanga, barang, manyurane
Wus dhasaring pathete
Kendhang, gong, bonang, gambang lan sapanunggalane
Wus dumadi pusakaning nagari kene
Bumi Nangis (Dening : Agustav Triono)
Bumi nangis
Luhe netesi lemah pathing plethak
Warnane wis ora sumringah
Kemulan apa sing ora mambrah-mambrah
Bumi nangis
Kabeh awake kesumpel runtah
Padha wutah
Kebingkem ning limbah akehe retung
Nglarani bumi ora rampung-rampung
Bumi terus nangis
Ambegane seseg keneng polusi
Sing terus diproduksi
Dening wong-wong ora duwe ati
Bumi terus bae nangis luhe nganiti garing
Merga panas sing sang kaya ganas
Oh, bumi sing arep mati
Slametna sekang polusi
Dadiya menungsa sing duwe ati
“Kaca Pengilon” (Dening: Hadi Sumarto)
Kaca pengilon aweh sasmita
Sadurunge ndika lunga
Delengen,tlitinen sing cetha
Ben lakumu ora kesandhung lungka
Wiwit saka rambut
Kudu tansah nyebut
Bismillah nembe jumangkah
Ben aja nemu masalah
Kupingmu tilingna sing premana
Mlebuning swara kang nggawa warta
Saringen endi kang becik endi kang ala
Supaya mlakumu ora ketula-tula
Mripat semono uga
Kanggo ndeleng kanthi cetha
Sawangen tengen lan kiwa
Nggayuh slamet raharja
Tangan aja sraweyan
Sikil aja sethekaran
Tumungkul ing sadawaning ratan
Ing ngarep bakal nemu kabegjan
Terminal (Dening : Ismayawati)
Kebak ing kana gegambaraning urip,
Tumplek blek dadi siji
Semrawut, campur bawur
Tan ana kendhate
Ing kana
Ana bocah-bocah cilik kang kebak panandhang
Nanging isih bisa gumuyu
Ah, rasane ngreridhu ati,
Tas kothak kang nggayut ing pundhak
Kebak pangarep-arep
Minangka pratandha tansah saguh ngayahi
Sesangganing ngaurip
Ah, saya gawe anglesing ati
Ing kana
Ana tembang-tembang kekidungan
Kang ambabarake jarwaning urip
Ing saselaning swara gumrenggeng
Bis-bis kang padha nggereng
Lan pambengoke calo-calo kanthi adreng
Snadyan panumpange tansah njinggleng
Terminal, kebak gegambaring urip
Tumplek blek dadi siji
Yen wengine wis titis
Kabeh dadi atis
Kekidungan sirna tanpa tilas
Kasaput angin kang tanpa welas
Gegambaraning urip
Semrawut tanpa kendhat
Sepi tintrim tanpa kendhat
Tumplek blek dadi siji
Jagade Gonjang-Ganjing (Dening: Prembayun Miji Lestari, S.S. M. hum)
Dak sebut jagade gonjang ganjing
Amarga akeh kang padha ora eling
Marang liyan, apa meneh marang sing gawe gesang
Wong gedhe padha jegal-jegalan
Rebutan panggonan lan panguasan
Ewadene wong cilik padha gedhungsangan
Golek pangan panguripan
Sing ndhuwur saya mulur
Sing ngisor saya thekor
Pancen jagade lagi gonjang-ganjing
Akeh kang padha ngeda
Yen ora edan padha ora keduman
Padha ndugang-dinugang
Singkang-singkangan
Ilang rasa kamanungsan
Lumrahe wae gusti paring samubarang pepeling
Maneka bebebdu: lindhu, petir, angin, udan, ora uwis-uwis
Supaya manungsa padha eling
Mangsa Rendheng (Dening: Sunar Pujo Raharjo)
Rasa sepi jroning tengah wengi
Kekes atis rasane ragaku
Keplasing ati kebak ing pepenginan
Ngudhari bebundhel pikir kang lumebu ing lamunan
Tumenga tawang katon lintang gegojegan
Sunaring rembulan peparing katresnan
Sinusul mendhung sinelahing angkasa
Banjur udan gerimis kilat thathit padha njerit
Tembang kongkang angangkara ing pekarangan
Irama lamba munggah rangkepan kepranan
Kethuk kempyang ambabar beksa kasmaran
Imbal swara tanggap basa kidunging kewan
Bangun esuk para tani padha gumuyu
Tindak sabin nggerak lembu gya hamluku
Tanem winih nyenyuwun kang Maha Sih
Mangsa rendheng Dewi Sri nyebar rejeki
Langganan:
Postingan (Atom)